Tulisan

geguritan

SUMELEH
Abot tenan sirah iki
Ora kepenak kanggo turu
Alon-alon gemletak ono dipan
Tak sawang siji-siji
Reng usuk sing wis dipangan ngenget
Kapan aku bisa ndadani

Sisih wetan
Sisih kulon
Sisih kidul
Lan sisih lor
Wis dicegati panggonan sing kepenak
Wong rakus podo manjelmo
Meh dipek kabeh ora ono turahane

Sak dermo wae aku mangan
Sak onone wae sing penting cukup
Migunakake opo anane
Ra sah golek perkoro
Ora usah  golek tambahan sing olo

Percoyo wae
Sing nandur mesti ngundhuh
Ayo poro konco
Diselehke dhisik
Ati sing podo panas
Disabar-sabarake
Mengko mesti ono wektune dhewe

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama gang 19 Nomor 31 Penyangkringan RT 01 RW 14 Kecamatan Weleri Kabupaten Kendal 51355

OPO TUMON
BAKSO FATHONAH
Wis sauntoro wektu aku ora bali niliki lemah kelahiranku ing  Wongiri Deso Eromoko. Yen dietung-etung wis ono rong tahun aku ora bali. Ngepasi Om Antok ( adine ibune bocah-bocah) sing nyambut gawe ono Jakarta pas bali njupuk cuti seminggu, kepingin dolan menyang Giribelah Kecamatan Giritontro . Om Antok wis ono limang tahunan ora tahu ngerti kahanan Giribelah yaiku Tlatah asale morotuo. Mulane age-age aku golek carteran lan sisan sak omah tak ajak kabeh .
Mangkat soko Weleri Kendal tabuh subuh jam limonan. Pak Markoyo arane sopir sing tak ajak nyarter menyang Wonogiri. Alon-alon lakune kendaraan amargo arep ngampiri anak lanang sing kuliah ono UDINUS Semarang .
Jan nyawang dalan esuk pancen asri lan nyenengake, metu kutho Semarang wanci jam  06.00 nganti tekan Kecamatan Wuryantoro kiro-kiro jam 10.00. Aku nylethuk , “ Ayo mampir warung bakso, wis ngelih ki !” semaurku marang Pak Markoyo. Krungu sworoku, age-age pak Markoyo minggirke kendaraane mampir warung Bakso Sapi.
Bareng wis mandek, kabeh podho medun mlebu warung Bakso Sapi, lan pesen siji-siji. Langsung dirahapi nganti  sak porsi entek, jan ndemenakake tenan . Karo leren ngenteke wedang, aku mbayar ono ing kasir karo kondo yen baksone enak tenan.
Sak durunge pamit arep neruske laku menyang Giritontro, aku nyedaki Kasire karo matur.
“ Mbak, aku duwe usul?”. Semaurku.
 “ Usul menopo pak?” wangsulane Kasire
“ Bakso Sapi iki mesti tambah rame yen jenenge di ganti jenenge, mbak !”
“Lha, badhe dipun gantos nami nopo pak ?”
“Diganti Bakso Fathonah, wae mbak !”
Keprungu usulanku iku, karyawan warung Bakso podho sawang-sinawang karo konco-kancane, bareng sautoro wektu podho ngguyu bebarengan, ngerti yen di maksud Bakso Fathonah yoiku amargo jeneng Fathonah dihubungake karo Suap Daging sapi mulane Sapi diganti Fathonah.
“Enten-enten mawon pak !” wangsulen sing duwe warung.

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355

OPO TUMON
BANYU WIJIKAN DIOMBE

Yen kelingan crita iki aku mung arep ngguyu terus. Lelakon iki kedadeyane rikolo tahun 2004.
Sing jenenge warung Lamongan ono ing Kota Weleri yen tak etung-etung luwih 10 panggonan. Warung semono akehe kuwi payu kabeh, soko sing jenenge Lamongan Cak Nur, Lamongan Bang Komed sing kondang diarani Lamongan ngarep SMPK Weleri. Lan isih akeh sing jenenge aku ora apal.
Wanci jam 7 bengi aku ngajak ibune bocah-bocah karo loro anakku mangan njobo, yo arep mangan iwak bebek goreng Lamongan Bang Komet ngarep SMPK Weleri. Anakku isih cilik-cilik mulane mangkat bareng goncengan wong papat.  Bareng wis nyetandratke sepeda motor ngarep warunge Bang Komed, aku pesen mangan lawuhe bebek goreng cacahe papat porsi. Sisan pesen ngombene wedang jeruk panas.
Ngenteni sedelok lungguh nang kloso, Bang Komed teko karo ngowo mangkok papat sing isine banyu putih dicampur kulit jeruk. Sakbanjure sego jumlahe ugo papat terus disusul lawuhe bebek goreng  di selehke nggon cuek dibarengke sambel trasine  sisan. Wedang jeruk panase durung di tokake. Amargo aku durung pernah ngajak anakku mangan nggon warung lamongan, ngerti  mangkok isine banyu putih njeroni ono jeruke, anakku lanang njupuk terus meh diombe. Ngerti yen anankku meh ngombe, aku cepet-cepet  njupuk mangkok ngarepku terus ngajari anakku.
“Le, iki wijikan dudu wedang jeruk , wedange durung di tokake !” 
Nonton polahe anakke , ibune mesam-mesem. terus ngomong. “ Wis, ndang dimaem selak adem mengko ora enak di pangan”!
Anakku langsung njupuk iwak bebek dicampur sambel trasi terus mangan telap-telep, lali kedadeyan sing lagi wae dilakoni. Wis..wis wijikan kok meh diombe. Opo tumon?
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355

GEGURITAN
                                      BUMINE SAMBAT
Ora awan ora bengi
Ora sore opo maneh isuk
Wong tuwo, wong enom
Opo maneh sing isih bocah
Yen podho mangan jajan nganggo buntel plastik
Dibuwang sak nggon-nggon
Bumine sambat.....
Bumine sedih...
Bumie goyang.....

Lemahe wis ora subur maneh
Katutup plastik
Lemahe sambat
Lemahe nangisi awake dhewe
Amargo ora biso muni

Manungso sak karepe dhewe
Manungso nggugu  awake dhewe
Banjir bandhang....
Wis kawentar kono kene
Nanging tetep wae
Manungso ora ngrubah lakune

Duh Gusti nyuwun pangapuro !

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355
 
GEGURITAN
GOGROKE BENTENG KEADILAN
Wis ora duwe isin
Ora duwe welas asih
Isine bener thok !!
Atine wis digembok rapet
Wegah ngrungoke ukoro-ukoro becik

Mlakune tetep ndhangak
Ngguya-ngguyu rumangsane ora salah
Diarak wong akeh malah tangane  ndhadhahi
Mlebu , lungguh kursi pesakitan ora ndhingkluk
Ananging pasuryane adem ayem
Walah.............. walah...
Arep digowo menyang ngendi Ibu Pertiwi Iki
Sing di tandur barang olo
Sesuke ngundhuh berholo
Sing dibelo wong durhoko
Sesuke ngundhuh sangsoro

Poro pangembating Praja
Opo podho ora kroso
Menowo wong-wong kuwi
Arep nggogroake benteng keadilan
Tambah dino , ora tambah kabecikan
Ananging tambah prekoro sing diarani “kurupsi”
Angel dietung, wis wong pro sing keno perkoro suap

Amargo keadilan wis gogrok
Dheweke ora duweni wedi marang sopo wae
Sing prihatin
Menowo dheweke ora duweni wedi marang Gusti !!
                                                             
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355
 
GEGURITAN
KANGENKU MARANG SIMBOK

SIMBOK
KANGENKU ORA KARU-KARUAN
KELINGAN ..
... RIKOLO SIMBOK GAWE JANGAN LOMBOK KACANG THOLO
WIS JAN ..RASANE
ONO MANEH SEGONE THIWUL ANGET

SIMBOK..
KATENTREMAN ONO ING SANDINGE GUSTI !!!!!
AKU ANAKMU
NERUSKE LAKU
MGAYOMI ANAK PUTUMU...
KAREBEN URIP TENTREM LAN LANGGENG

ADEM ATI
NYAWANG NGAREP
ISIH AKEH SING KUDU DIAYAHI !!!!!!!!!

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355

Geguritan
KORUPSI

Piyantune sehat, seger, gagah
Eseme ndemenakake wong akeh
Kepencut...
Ora percoyo
Jebule koruptor

Bareng wis kecekel
Ethok-ethok loro
Gemlethak tanpo doyo
Ora weruh kiwo tengen
Ora krungu ethok-ethok budhek
Tensine tambah dhuwur
Jebule bar mangan sate

Ana maneh
Wis kecekel banjur dipenjoro
Isining pakunjaran barang-barang sing mewah
Jebule petugase wis disogok

Liyane maneh
Wis dipenjoro jebule ana Bali
Bareng ditelusuri entuk paspor palsu

Heng wilaheng....
Kapan paripurnaning prakoro iki

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355

GEGURITAN
KRETEK PLUMBON
WENGI KATON PETENG NDHEDET
GLUDHG-GLUDHUG MEH UDAN
ORA ONO SAWIJINING LINTANG KANG JUMEDUL
AWAKKU NEMBUS KAHANAN KANG PETENG IKU
LUMAKU ALON SINAU GOLEK KAPINTERAN

BRAYAT KANOMAN PLUMBON WIS PODO NGENTENI
NGAJAK SINAU NGUNDHUH ILMU
KANTHI GRAPYAK LAN GEGUYON
NGANDHANI SIJI LAN SIJINE

WANCI JAM TABUH SONGO WENGI
AWAK IKI DITINGGAL KONCO-KONCO
PODO ORA PAMIT.....EMBUH AREP MENYANG NGENDI
TAKON MARANG ANGIN..ORA ONO JAWABANE
TAKON MARANG JANGKRIK SING NGERIK..MALAH MENENG WAE
MEH TAKON WONG SAK OMAH..WIS LUNGO KABEH
................................
ATIKU TETEP MLAYU NGOYAK SWORO SING WIS KATON ADOH
ADOH BANGET...KETHIP BANGET WIS ORA KEPRUNGU
SIKIL IKI MLAYU SIPAT KUPING
SIKIL IKI ORA BISA DIAJAK KOMPROMI
SIKIL IKI NGGOLEKI SWORO SING WIS ILANG
ORA LET SUWE........
AWAK IKI MABUR , NYEMPLUNG KRETEK PLUMBON
ORA ELING OPO-OPO
ORA  KROSO OPO-OPO
ORA ONO WONG BABAR PISAN
ORA KROSO KATISEN
TABUH SEPULUH..
TABUH SEWELAS....
TABUH ROLAS....... NGANTI TABUH SUBUH ESUK UMUN-UMUN
AWAK IKI ISIH GUMLETHAK  ONO SAK NGIROSE KRETEK PLUMBON

ARANKU GOSIS.....
SING KEMULAN WEDHI SEWENGI MUPUT
SING NYIKEP WATU IRENG GEDHE
SING ORA ELING NGANTI SAKIKI
SING DADI CRITA TEKAN BESUKE

MATUR NUWUN MARANG BRAYAT PLUMBON
GUSTI MATUR NUWUN
TAKSIH PARING KAWILUJENGAN
DUMATENG KULO !!!

Weleri, 29 Januari 2012
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355

Opo tumon
NONGKO KARO PARUTAN KLOPO

Aku duwe konco arane pak Dasikin asli soko Pemalang . Rikolo tahun 1991 , pak Dasikin nyritakake diajak konco-koncone dolan menyang Randudongkal persise soko Pemalang arah ngidul kiro-kiro 20 kilo. Wong telu mangkat bareng numpak sepeda motor wanci jam songo isuk. Wektu semono dalanan durung alus koyo jaman saiki, isih podo nggronjal akeh jeglongane, mulane mlakune alon-alon sing penting slamet tekan panggonan.
Ngancik jam sepuluhan Pak Dasikin karo konco-koncone tekan nggone mas Haryo, amargo sayah mulane podho nglekar nang kloso sing wis di siapke mas Haryo.
“Wah, ketoke sayah banget yo ?”
Mas Haryo nyletuk karo nggowo wedang lan panganan sakonone, amargo bojone pas ora ono ngomah.
“Tenan ki, kesel banget” wangsulane Pak Dasikin.
“Wis ndang diombe lan dirahapi nyamikane” kandane mas Haryo.
Sak konco podo tangi gregah ngombe lan mangan nyamikane. Durung entek mangane mas Haryo wis metu maneh karo nggowo panganan nongko sing wis dionceki karo parutan klopo , terus diselehke nggon kloso.
Pak Dasikin lan koncone weruh ono nongko karo parutan klopo age-age podo njupuk nongko terus njupuk parutan klopo dilebokake nang nongkone terus podo di dahar. Jan ketoke nikmat tenan.
Nanging, mas Haryo kepingel-pinekel tenan weruh pak Dasikin lan koncone podo dahar nongko diiseni parutan klopo.
Ngerti yen mas Haryo kepingekel-pingel. Pak Dasikin nakoni. “ Ono opo Har, ngguyune meh nganti nangis?”
“Walah-walah Kin ! Carane mangan nongko ora koyo mengkono, lha kok nongko diiseni parutan klopo,” semaure mas Haryo.
“Lha terus piye ?” Pak Dasikin karo ndoblong .
“Parutan klopo kuwi fungsine kanggo wijikan supoyo mengko yen mangan nongko ben ora ngeleti” wangsulane mas Haryo.
Pak Dasikin karo koncone podo pandeng-pandengan
 “oooo!”

JEBULE ORA KATUT

Saben esuk anakku lanang sing jenenge Yosa mesti melu aku mangkat sekolah numpak motor. Anakku sekolah ana ing SD Kanisius Brana Weleri, rikolo kuwi kelas 3.  Ning kalodangan esuk iku koyo biasane arep mangkat sekolah, amargo wektune wis ngancik jam 06.45 aku rada kesusu ngajak Yosa.
“Yos, ayo cepet wis awan ki !”
Aku nyeluk anak lanang sing isih ono njero omah. Anakku wis metu soko ngomah wis cedak karo motorku. Sak ngertiku anakku wis numpak motor, age-age aku ngegas motor terus mlaku menyang sokolahan.
Bareng wis tekan sekolahane anakku aku ngomong. “ Yos, ndang medun iki wis tekan !” e..... jebule anaku ora katut melu aku. Amarga ngerti yen Yosa ora katut,  ceper-cepet aku mbalek klepat metuk anakku. Wis ora karu-karuan pikiranku, aku ngebut marani akku. Ning tengah dalan aku ketemu anakku wis numpak becak karo nangis ngguguk. Aku terus ngetutke ning mburine nganti tekan sekolahane anakku.
Bareng  tekan sekolahan, anakku wis telat mlebu kelas, banjur aku matur karo kepala sekolahe jenenge Pak Juweni. Krungu critane sing tak aturke pak Juweni ngguyu kepingkel-pingkel karo ngelus-ngelus sirahe anakku.

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355

OPO TUMON
Kecemplung kali
Kedadiyan iki aku alami dhewe rikolo kelas 1 smp tahun 1977. Wanci jam 7 wengi koyo biasane sinau karo konco-konco neng Plumbon. Wektu iku bebarengan karo ono rasulan ( bersih deso ing Eromoko ) . Pas rasulan iku ono tontonan wayang kulit sewengi utuh. Konco-konco ora menehi ngerti karo awakku yen bengi iku arep podho nonton wayang , mulane konco-konco podho nilapke aku. Wektu iku aku menyang buri , ora ngerti babarblas yen konco-konco wis podho mangkat nonton wayang. Aku takon karo budhe Tarto, sing duwe omah. “ budhe, rencang-rencang wontwn pundi ?”. wangsulane budhe, “ oo, bocah-bocah mau numpak doplak arep nonton wayang kulit ning Eromoko Kulon, opo awake ora diajak?”.
Krungu ngendikane budhe awakku mlayu sipat kuping karo nggowo buku-buku nguyak konco-konco sing budal numpak doplak. Kiro-kiro satus meter nguyakku ora kecekel, pas ngliwati kretek Plumbon , aku kesandung watu......kecemplung kali, bukuku morak-marik, banjur aku wis ora kelingan opo-opo. Jerone kali kurang luwih 10 meter.
Ing wanci esuk umun-umun jam limo, ono wong menyang kali arep adus...weruh ono bocah gemlethak ing ngisor kretek. “Sopo kae ono bocah gemlethak !!!!! Gosis...Gosis...Gosis....(patrapane aku wektu iku) putrane pak Kasino. ! laporane Bulek Mikuk marang para wargo Plumbon. Esuk kuwi dadi geger lan rame banget.........awakku dibopong rame-rame......menyang omahku.
Aku dirawat ing RS Giriwono –Wonogiri kurang luwih rong wulan. Opo Tumon sinau malah nyemplung kali !

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355
 
RENJANA

Dua puluh lima tahun

Kutinggalkan kampung halamanku

Titik tolak awal kehidupan
Disana batu penjuru  kutanam
Untuk merengkuh arti hidup

Masih kusimpan segenggam tanah kelahiranku
Melepas segala renjana didadaku
Darsono.....
Purwanto .......
Wiwik .......
Dimana dirimu kini
Renjana
Wajah-wajahmu sering nampak dihatiku
Gelak tawa mu mengiringi sepiku
Sendau guraumu mengelitik jiwaku
Saling ejekmu membuka senyumku
Aku masih ingat
Ketika masak singkong di Baran
Aku masih ingat ketika bakar jagung di Plumbon
Aku masih ingat
Ketika makan tiwul di Kebonagung
Aku masih ingat
Ketika panen kacang di Eromoko Kulon
Aku jadi ingat ketika  kau berkata
“Mau jadi apa kamu besuk”
Kita pasi jadi orang yang berguna
Untuk keluarga atau orang lain
Renjana !
Renjana !

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355

SING DIGUGU SOPO

Jenenge Wakil Rakyat

Sing kudune ngayomi lan ngewangi

Sing sejatine dadi penglipure wong sak Nuswantoro

Sing mentingake liyan katimbang awake dhewe
Sing wani mbelani wong cilik

Jengene Wakil Rakyat
Ora isuk ora awan
Ora sore ora wengi
Pakaryane kabeh kanggo kapentingane rakyat

Jengene Wakil Rakyat
Ora tedheng aling-aling
Sing bener mesti dibelani
Jajah deso milangkori
Mangerteni panggonan sing kudu dibantu

Ananging.........
Tangan iki ngelus dodo
Ati iki mbrebes mili ..................nyawang !
Wakil Rakyat turu rikolo ono Sidang Paripurno
Wakil Rakyat gawe rancangan toilet sing regane ngedap-edapi
Wakil Rakyat senengane dolan rono dolan rene
Lelakon sing endi sing kudu digugu !!!!!

Ono ngendi roso welase... sawangen !!!
Bocah-bocah Banten arep sekolah gegantungan ono ing kretek sing ambruk
Bocah-bocah Kediri podo sinau ono ing kelas sing meh ambrol

Tak suwun poro Wakil Rakyat
Balio...mikirke wong cilik
Iku sejati sing di arep-arep wong sak Nuswantoro

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355
 
SUMELEH
Abot tenan sirah iki
Ora kepenak kanggo turu
Alon-alon gemletak ono dipan
Tak sawang siji-siji
Reng usuk sing wis dipangan ngenget
Kapan aku bisa ndadani

Sisih wetan
Sisih kulon
Sisih kidul
Lan sisih lor
Wis dicegati panggonan sing kepenak
Wong rakus podo manjelmo
Meh dipek kabeh ora ono turahane

Sak dermo wae aku mangan
Sak onone wae sing penting cukup
Migunakake opo anane
Ra sah golek perkoro
Ora usah  golek tambahan sing olo

Percoyo wae
Sing nandur mesti ngundhuh
Ayo poro konco
Diselehke dhisik
Ati sing podo panas
Disabar-sabarake
Mengko mesti ono wektune dhewe

Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama gang 19 Nomor 31 Penyangkringan RT 01 RW 14 Kecamatan Weleri Kabupaten Kendal 51355

Tidak ada komentar:

Posting Komentar