SUMELEH
Abot tenan sirah iki
Ora kepenak kanggo turu
Alon-alon gemletak ono dipan
Tak sawang siji-siji
Reng usuk sing wis dipangan ngenget
Kapan aku bisa ndadani
Sisih wetan
Sisih kulon
Sisih kidul
Lan sisih lor
Wis dicegati panggonan sing kepenak
Wong rakus podo manjelmo
Meh dipek kabeh ora ono turahane
Sak dermo wae aku mangan
Sak onone wae sing penting cukup
Migunakake opo anane
Ra sah golek perkoro
Ora usah golek tambahan sing olo
Percoyo wae
Sing nandur mesti ngundhuh
Ayo poro konco
Diselehke dhisik
Ati sing podo panas
Disabar-sabarake
Mengko mesti ono wektune dhewe
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama gang 19 Nomor 31 Penyangkringan RT 01 RW 14 Kecamatan Weleri
Kabupaten Kendal 51355
OPO TUMON
BAKSO FATHONAH
Wis sauntoro
wektu aku ora bali niliki lemah kelahiranku ing Wongiri Deso Eromoko. Yen dietung-etung wis
ono rong tahun aku ora bali. Ngepasi Om Antok ( adine ibune bocah-bocah) sing
nyambut gawe ono Jakarta pas bali njupuk cuti seminggu, kepingin dolan menyang
Giribelah Kecamatan Giritontro . Om Antok wis ono limang tahunan ora tahu
ngerti kahanan Giribelah yaiku Tlatah asale morotuo. Mulane age-age aku golek
carteran lan sisan sak omah tak ajak kabeh .
Mangkat soko
Weleri Kendal tabuh subuh jam limonan. Pak Markoyo arane sopir sing tak ajak
nyarter menyang Wonogiri. Alon-alon lakune kendaraan amargo arep ngampiri anak
lanang sing kuliah ono UDINUS Semarang .
Jan nyawang
dalan esuk pancen asri lan nyenengake, metu kutho Semarang wanci jam 06.00 nganti tekan Kecamatan Wuryantoro
kiro-kiro jam 10.00. Aku nylethuk , “ Ayo mampir warung bakso, wis ngelih ki !”
semaurku marang Pak Markoyo. Krungu sworoku, age-age pak Markoyo minggirke
kendaraane mampir warung Bakso Sapi.
Bareng wis
mandek, kabeh podho medun mlebu warung Bakso Sapi, lan pesen siji-siji.
Langsung dirahapi nganti sak porsi
entek, jan ndemenakake tenan . Karo leren ngenteke wedang, aku mbayar ono ing
kasir karo kondo yen baksone enak tenan.
Sak durunge
pamit arep neruske laku menyang Giritontro, aku nyedaki Kasire karo matur.
“ Mbak, aku
duwe usul?”. Semaurku.
“ Usul menopo pak?” wangsulane Kasire
“ Bakso Sapi
iki mesti tambah rame yen jenenge di ganti jenenge, mbak !”
“Lha, badhe
dipun gantos nami nopo pak ?”
“Diganti
Bakso Fathonah, wae mbak !”
Keprungu
usulanku iku, karyawan warung Bakso podho sawang-sinawang karo konco-kancane,
bareng sautoro wektu podho ngguyu bebarengan, ngerti yen di maksud Bakso
Fathonah yoiku amargo jeneng Fathonah dihubungake karo Suap Daging sapi mulane
Sapi diganti Fathonah.
“Enten-enten
mawon pak !” wangsulen sing duwe warung.
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama
GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri Kendal Jateng POS 51355
OPO TUMON
BANYU WIJIKAN DIOMBE
Yen kelingan
crita iki aku mung arep ngguyu terus. Lelakon iki kedadeyane rikolo tahun 2004.
Sing jenenge
warung Lamongan ono ing Kota Weleri yen tak etung-etung luwih 10 panggonan.
Warung semono akehe kuwi payu kabeh, soko sing jenenge Lamongan Cak Nur,
Lamongan Bang Komed sing kondang diarani Lamongan ngarep SMPK Weleri. Lan isih
akeh sing jenenge aku ora apal.
Wanci jam 7
bengi aku ngajak ibune bocah-bocah karo loro anakku mangan njobo, yo arep
mangan iwak bebek goreng Lamongan Bang Komet ngarep SMPK Weleri. Anakku isih
cilik-cilik mulane mangkat bareng goncengan wong papat. Bareng wis nyetandratke sepeda motor ngarep
warunge Bang Komed, aku pesen mangan lawuhe bebek goreng cacahe papat porsi.
Sisan pesen ngombene wedang jeruk panas.
Ngenteni
sedelok lungguh nang kloso, Bang Komed teko karo ngowo mangkok papat sing isine
banyu putih dicampur kulit jeruk. Sakbanjure sego jumlahe ugo papat terus
disusul lawuhe bebek goreng di selehke
nggon cuek dibarengke sambel trasine
sisan. Wedang jeruk panase durung di tokake. Amargo aku durung pernah
ngajak anakku mangan nggon warung lamongan, ngerti mangkok isine banyu putih njeroni ono jeruke,
anakku lanang njupuk terus meh diombe. Ngerti yen anankku meh ngombe, aku
cepet-cepet njupuk mangkok ngarepku
terus ngajari anakku.
“Le, iki
wijikan dudu wedang jeruk , wedange durung di tokake !”
Nonton polahe
anakke , ibune mesam-mesem. terus ngomong. “ Wis, ndang dimaem selak adem
mengko ora enak di pangan”!
Anakku
langsung njupuk iwak bebek dicampur sambel trasi terus mangan telap-telep, lali
kedadeyan sing lagi wae dilakoni. Wis..wis wijikan kok meh diombe. Opo tumon?
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
GEGURITAN
BUMINE SAMBAT
Ora
awan ora bengi
Ora
sore opo maneh isuk
Wong
tuwo, wong enom
Opo
maneh sing isih bocah
Yen
podho mangan jajan nganggo buntel plastik
Dibuwang
sak nggon-nggon
Bumine
sambat.....
Bumine
sedih...
Bumie
goyang.....
Lemahe
wis ora subur maneh
Katutup
plastik
Lemahe
sambat
Lemahe
nangisi awake dhewe
Amargo
ora biso muni
Manungso
sak karepe dhewe
Manungso
nggugu awake dhewe
Banjir
bandhang....
Wis
kawentar kono kene
Nanging
tetep wae
Manungso
ora ngrubah lakune
Duh
Gusti nyuwun pangapuro !
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
GEGURITAN
GOGROKE
BENTENG KEADILAN
Wis
ora duwe isin
Ora
duwe welas asih
Isine
bener thok !!
Atine
wis digembok rapet
Wegah
ngrungoke ukoro-ukoro becik
Mlakune
tetep ndhangak
Ngguya-ngguyu
rumangsane ora salah
Diarak
wong akeh malah tangane ndhadhahi
Mlebu
, lungguh kursi pesakitan ora ndhingkluk
Ananging
pasuryane adem ayem
Walah..............
walah...
Arep
digowo menyang ngendi Ibu Pertiwi Iki
Sing
di tandur barang olo
Sesuke
ngundhuh berholo
Sing
dibelo wong durhoko
Sesuke
ngundhuh sangsoro
Poro
pangembating Praja
Opo
podho ora kroso
Menowo
wong-wong kuwi
Arep
nggogroake benteng keadilan
Tambah
dino , ora tambah kabecikan
Ananging
tambah prekoro sing diarani “kurupsi”
Angel
dietung, wis wong pro sing keno perkoro suap
Amargo
keadilan wis gogrok
Dheweke
ora duweni wedi marang sopo wae
Sing
prihatin
Menowo
dheweke ora duweni wedi marang Gusti !!
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
GEGURITAN
KANGENKU MARANG
SIMBOK
SIMBOK
KANGENKU ORA KARU-KARUAN
KELINGAN ..
... RIKOLO SIMBOK GAWE JANGAN LOMBOK KACANG THOLO
WIS JAN ..RASANE
ONO MANEH SEGONE THIWUL ANGET
SIMBOK..
KATENTREMAN ONO ING SANDINGE GUSTI !!!!!
AKU ANAKMU
NERUSKE LAKU
MGAYOMI ANAK PUTUMU...
KAREBEN URIP TENTREM LAN LANGGENG
ADEM ATI
NYAWANG NGAREP
ISIH AKEH SING KUDU DIAYAHI !!!!!!!!!
SIMBOK
KANGENKU ORA KARU-KARUAN
KELINGAN ..
... RIKOLO SIMBOK GAWE JANGAN LOMBOK KACANG THOLO
WIS JAN ..RASANE
ONO MANEH SEGONE THIWUL ANGET
SIMBOK..
KATENTREMAN ONO ING SANDINGE GUSTI !!!!!
AKU ANAKMU
NERUSKE LAKU
MGAYOMI ANAK PUTUMU...
KAREBEN URIP TENTREM LAN LANGGENG
ADEM ATI
NYAWANG NGAREP
ISIH AKEH SING KUDU DIAYAHI !!!!!!!!!
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
e-mail : monosis@yahoo.co.id
Geguritan
KORUPSI
Piyantune
sehat, seger, gagah
Eseme
ndemenakake wong akeh
Kepencut...
Ora
percoyo
Jebule
koruptor
Bareng
wis kecekel
Ethok-ethok
loro
Gemlethak
tanpo doyo
Ora
weruh kiwo tengen
Ora
krungu ethok-ethok budhek
Tensine
tambah dhuwur
Jebule
bar mangan sate
Ana
maneh
Wis
kecekel banjur dipenjoro
Isining
pakunjaran barang-barang sing mewah
Jebule
petugase wis disogok
Liyane
maneh
Wis
dipenjoro jebule ana Bali
Bareng
ditelusuri entuk paspor palsu
Heng
wilaheng....
Kapan
paripurnaning prakoro iki
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
GEGURITAN
KRETEK PLUMBON
WENGI KATON PETENG NDHEDET
GLUDHG-GLUDHUG MEH UDAN
ORA ONO SAWIJINING LINTANG KANG JUMEDUL
AWAKKU NEMBUS KAHANAN KANG PETENG IKU
LUMAKU ALON SINAU GOLEK KAPINTERAN
BRAYAT KANOMAN PLUMBON WIS PODO NGENTENI
NGAJAK SINAU NGUNDHUH ILMU
KANTHI GRAPYAK LAN GEGUYON
NGANDHANI SIJI LAN SIJINE
WANCI JAM TABUH SONGO WENGI
AWAK IKI DITINGGAL KONCO-KONCO
PODO ORA PAMIT.....EMBUH AREP MENYANG NGENDI
TAKON MARANG ANGIN..ORA ONO JAWABANE
TAKON MARANG JANGKRIK SING NGERIK..MALAH MENENG WAE
MEH TAKON WONG SAK OMAH..WIS LUNGO KABEH
................................
ATIKU TETEP MLAYU NGOYAK SWORO SING WIS KATON ADOH
ADOH BANGET...KETHIP BANGET WIS ORA KEPRUNGU
SIKIL IKI MLAYU SIPAT KUPING
SIKIL IKI ORA BISA DIAJAK KOMPROMI
SIKIL IKI NGGOLEKI SWORO SING WIS ILANG
ORA LET SUWE........
AWAK IKI MABUR , NYEMPLUNG KRETEK PLUMBON
ORA ELING OPO-OPO
ORA KROSO
OPO-OPO
ORA ONO WONG BABAR PISAN
ORA KROSO KATISEN
TABUH SEPULUH..
TABUH SEWELAS....
TABUH ROLAS....... NGANTI TABUH SUBUH ESUK
UMUN-UMUN
AWAK IKI ISIH GUMLETHAK ONO SAK NGIROSE KRETEK PLUMBON
ARANKU GOSIS.....
SING KEMULAN WEDHI SEWENGI MUPUT
SING NYIKEP WATU IRENG GEDHE
SING ORA ELING NGANTI SAKIKI
SING DADI CRITA TEKAN BESUKE
MATUR NUWUN MARANG BRAYAT PLUMBON
GUSTI MATUR NUWUN
TAKSIH PARING KAWILUJENGAN
DUMATENG KULO !!!
Weleri, 29 Januari 2012
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
e-mail : monosis@yahoo.co.id
Opo tumon
NONGKO KARO PARUTAN
KLOPO
Aku duwe konco arane pak Dasikin asli soko
Pemalang . Rikolo tahun 1991 , pak Dasikin nyritakake diajak konco-koncone
dolan menyang Randudongkal persise soko Pemalang arah ngidul kiro-kiro 20 kilo.
Wong telu mangkat bareng numpak sepeda motor wanci jam songo isuk. Wektu semono
dalanan durung alus koyo jaman saiki, isih podo nggronjal akeh jeglongane,
mulane mlakune alon-alon sing penting slamet tekan panggonan.
Ngancik jam sepuluhan Pak Dasikin karo
konco-koncone tekan nggone mas Haryo, amargo sayah mulane podho nglekar nang
kloso sing wis di siapke mas Haryo.
“Wah, ketoke sayah banget yo ?”
Mas Haryo nyletuk karo nggowo wedang lan
panganan sakonone, amargo bojone pas ora ono ngomah.
“Tenan ki, kesel banget” wangsulane Pak
Dasikin.
“Wis ndang diombe lan dirahapi nyamikane”
kandane mas Haryo.
Sak konco podo tangi gregah ngombe lan mangan
nyamikane. Durung entek mangane mas Haryo wis metu maneh karo nggowo panganan
nongko sing wis dionceki karo parutan klopo , terus diselehke nggon kloso.
Pak Dasikin lan koncone weruh ono nongko karo
parutan klopo age-age podo njupuk nongko terus njupuk parutan klopo dilebokake
nang nongkone terus podo di dahar. Jan ketoke nikmat tenan.
Nanging, mas Haryo kepingel-pinekel tenan
weruh pak Dasikin lan koncone podo dahar nongko diiseni parutan klopo.
Ngerti yen mas Haryo kepingekel-pingel. Pak
Dasikin nakoni. “ Ono opo Har, ngguyune meh nganti nangis?”
“Walah-walah Kin ! Carane mangan nongko ora
koyo mengkono, lha kok nongko diiseni parutan klopo,” semaure mas Haryo.
“Lha terus piye ?” Pak Dasikin karo ndoblong
.
“Parutan klopo kuwi fungsine kanggo wijikan
supoyo mengko yen mangan nongko ben ora ngeleti” wangsulane mas Haryo.
Pak Dasikin karo koncone podo
pandeng-pandengan
“oooo!”
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
Opo tumon
NONGKO KARO PARUTAN
KLOPO
Aku duwe konco arane pak Dasikin asli soko
Pemalang . Rikolo tahun 1991 , pak Dasikin nyritakake diajak konco-koncone
dolan menyang Randudongkal persise soko Pemalang arah ngidul kiro-kiro 20 kilo.
Wong telu mangkat bareng numpak sepeda motor wanci jam songo isuk. Wektu semono
dalanan durung alus koyo jaman saiki, isih podo nggronjal akeh jeglongane,
mulane mlakune alon-alon sing penting slamet tekan panggonan.
Ngancik jam sepuluhan Pak Dasikin karo
konco-koncone tekan nggone mas Haryo, amargo sayah mulane podho nglekar nang
kloso sing wis di siapke mas Haryo.
“Wah, ketoke sayah banget yo ?”
Mas Haryo nyletuk karo nggowo wedang lan
panganan sakonone, amargo bojone pas ora ono ngomah.
“Tenan ki, kesel banget” wangsulane Pak
Dasikin.
“Wis ndang diombe lan dirahapi nyamikane”
kandane mas Haryo.
Sak konco podo tangi gregah ngombe lan mangan
nyamikane. Durung entek mangane mas Haryo wis metu maneh karo nggowo panganan
nongko sing wis dionceki karo parutan klopo , terus diselehke nggon kloso.
Pak Dasikin lan koncone weruh ono nongko karo
parutan klopo age-age podo njupuk nongko terus njupuk parutan klopo dilebokake
nang nongkone terus podo di dahar. Jan ketoke nikmat tenan.
Nanging, mas Haryo kepingel-pinekel tenan
weruh pak Dasikin lan koncone podo dahar nongko diiseni parutan klopo.
Ngerti yen mas Haryo kepingekel-pingel. Pak
Dasikin nakoni. “ Ono opo Har, ngguyune meh nganti nangis?”
“Walah-walah Kin ! Carane mangan nongko ora
koyo mengkono, lha kok nongko diiseni parutan klopo,” semaure mas Haryo.
“Lha terus piye ?” Pak Dasikin karo ndoblong
.
“Parutan klopo kuwi fungsine kanggo wijikan
supoyo mengko yen mangan nongko ben ora ngeleti” wangsulane mas Haryo.
Pak Dasikin karo koncone podo
pandeng-pandengan
“oooo!”
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
OPO TUMON
JEBULE
ORA KATUT
Saben esuk
anakku lanang sing jenenge Yosa mesti melu aku mangkat sekolah numpak motor.
Anakku sekolah ana ing SD Kanisius Brana Weleri, rikolo kuwi kelas 3. Ning kalodangan esuk iku koyo biasane arep
mangkat sekolah, amargo wektune wis ngancik jam 06.45 aku rada kesusu ngajak
Yosa.
“Yos, ayo
cepet wis awan ki !”
Aku nyeluk
anak lanang sing isih ono njero omah. Anakku wis metu soko ngomah wis cedak
karo motorku. Sak ngertiku anakku wis numpak motor, age-age aku ngegas motor terus
mlaku menyang sokolahan.
Bareng wis
tekan sekolahane anakku aku ngomong. “ Yos, ndang medun iki wis tekan !” e.....
jebule anaku ora katut melu aku. Amarga ngerti yen Yosa ora katut, ceper-cepet aku mbalek klepat metuk anakku.
Wis ora karu-karuan pikiranku, aku ngebut marani akku. Ning tengah dalan aku
ketemu anakku wis numpak becak karo nangis ngguguk. Aku terus ngetutke ning
mburine nganti tekan sekolahane anakku.
Bareng tekan sekolahan, anakku wis telat mlebu
kelas, banjur aku matur karo kepala sekolahe jenenge Pak Juweni. Krungu critane
sing tak aturke pak Juweni ngguyu kepingkel-pingkel karo ngelus-ngelus sirahe
anakku.
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
OPO TUMON
Kecemplung kali
Kedadiyan iki
aku alami dhewe rikolo kelas 1 smp tahun 1977. Wanci jam 7 wengi koyo biasane
sinau karo konco-konco neng Plumbon. Wektu iku bebarengan karo ono rasulan (
bersih deso ing Eromoko ) . Pas rasulan iku ono tontonan wayang kulit sewengi
utuh. Konco-konco ora menehi ngerti karo awakku yen bengi iku arep podho nonton
wayang , mulane konco-konco podho nilapke aku. Wektu iku aku menyang buri , ora
ngerti babarblas yen konco-konco wis podho mangkat nonton wayang. Aku takon
karo budhe Tarto, sing duwe omah. “ budhe, rencang-rencang wontwn pundi ?”.
wangsulane budhe, “ oo, bocah-bocah mau numpak doplak arep nonton wayang kulit
ning Eromoko Kulon, opo awake ora diajak?”.
Krungu
ngendikane budhe awakku mlayu sipat kuping karo nggowo buku-buku nguyak
konco-konco sing budal numpak doplak. Kiro-kiro satus meter nguyakku ora
kecekel, pas ngliwati kretek Plumbon , aku kesandung watu......kecemplung kali,
bukuku morak-marik, banjur aku wis ora kelingan opo-opo. Jerone kali kurang
luwih 10 meter.
Ing wanci esuk
umun-umun jam limo, ono wong menyang kali arep adus...weruh ono bocah gemlethak
ing ngisor kretek. “Sopo kae ono bocah gemlethak !!!!!
Gosis...Gosis...Gosis....(patrapane aku wektu iku) putrane pak Kasino. ! laporane
Bulek Mikuk marang para wargo Plumbon. Esuk kuwi dadi geger lan rame
banget.........awakku dibopong rame-rame......menyang omahku.
Aku dirawat
ing RS Giriwono –Wonogiri kurang luwih rong wulan. Opo Tumon sinau malah
nyemplung kali !
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
RENJANA
Dua
puluh lima tahun
Kutinggalkan
kampung halamanku
Titik
tolak awal kehidupan
Disana
batu penjuru kutanam
Untuk merengkuh arti hidup
Masih
kusimpan segenggam tanah kelahiranku
Melepas
segala renjana didadaku
Darsono.....
Purwanto
.......
Wiwik
.......
Dimana
dirimu kini
Renjana
Wajah-wajahmu
sering nampak dihatiku
Gelak
tawa mu mengiringi sepiku
Sendau
guraumu mengelitik jiwaku
Saling
ejekmu membuka senyumku
Aku
masih ingat
Ketika
masak singkong di Baran
Aku
masih ingat ketika bakar jagung di Plumbon
Aku
masih ingat
Ketika
makan tiwul di Kebonagung
Aku
masih ingat
Ketika
panen kacang di Eromoko Kulon
Aku
jadi ingat ketika kau berkata
“Mau
jadi apa kamu besuk”
Kita
pasi jadi orang yang berguna
Untuk
keluarga atau orang lain
Renjana
!
Renjana
!
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
SING DIGUGU SOPO
Jenenge
Wakil Rakyat
Sing
kudune ngayomi lan ngewangi
Sing
sejatine dadi penglipure wong sak Nuswantoro
Sing
mentingake liyan katimbang awake dhewe
Sing
wani mbelani wong cilik
Jengene
Wakil Rakyat
Ora
isuk ora awan
Ora
sore ora wengi
Pakaryane
kabeh kanggo kapentingane rakyat
Jengene
Wakil Rakyat
Ora
tedheng aling-aling
Sing
bener mesti dibelani
Jajah
deso milangkori
Mangerteni
panggonan sing kudu dibantu
Ananging.........
Tangan
iki ngelus dodo
Ati
iki mbrebes mili ..................nyawang !
Wakil
Rakyat turu rikolo ono Sidang Paripurno
Wakil
Rakyat gawe rancangan toilet sing regane ngedap-edapi
Wakil
Rakyat senengane dolan rono dolan rene
Lelakon
sing endi sing kudu digugu !!!!!
Ono
ngendi roso welase... sawangen !!!
Bocah-bocah
Banten arep sekolah gegantungan ono ing kretek sing ambruk
Bocah-bocah
Kediri podo sinau ono ing kelas sing meh ambrol
Tak
suwun poro Wakil Rakyat
Balio...mikirke
wong cilik
Iku
sejati sing di arep-arep wong sak Nuswantoro
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama GG 19 No. 31 Penyangkringan Kecamatan Weleri
Kendal Jateng POS 51355
e-mail : monosis@yahoo.co.id
SUMELEH
Abot tenan sirah iki
Ora kepenak kanggo turu
Alon-alon gemletak ono dipan
Tak sawang siji-siji
Reng usuk sing wis dipangan ngenget
Kapan aku bisa ndadani
Sisih wetan
Sisih kulon
Sisih kidul
Lan sisih lor
Wis dicegati panggonan sing kepenak
Wong rakus podo manjelmo
Meh dipek kabeh ora ono turahane
Sak dermo wae aku mangan
Sak onone wae sing penting cukup
Migunakake opo anane
Ra sah golek perkoro
Ora usah golek tambahan sing olo
Percoyo wae
Sing nandur mesti ngundhuh
Ayo poro konco
Diselehke dhisik
Ati sing podo panas
Disabar-sabarake
Mengko mesti ono wektune dhewe
Aryatmono Siswadi
Jl. Tamtama gang 19 Nomor 31 Penyangkringan RT 01 RW 14 Kecamatan Weleri
Kabupaten Kendal 51355
Tidak ada komentar:
Posting Komentar